Jumat, 12 April 2013


GELO


#kulo niki tiang utowo bocah ingkang dipun lahirake wolulas tahun kapungkur,yaiku tanggal nembelas wulan april tahun sewu sangangatos sangang puluh papat. Kulo tiang ingkang dipun gedheake wonten keluwarga ingkang sederhana,wonten deso Bologarang kecamatan Penawangan kabupaten Grobogan.

#sakniki kulo manggen wonten pondok pesanten Mambaul Ulum Putri lan sekolah wonten perguruan islam Mathaliul Falah Kajen Margoyoso Pati. Wonten mriki kulo pikantok pengalaman katah sanget,milahi pendidikan,kekancan,organisasi lan asmoro,hehe….lan taseh katah maleh…..

#kulo niku tiange mboten pinter-pinter nemen,kulo niku keset,remen sanget yen diken ngelampahi perkawis ingkang mboten sae,,,,koyoto:ngrumpi,ngeweh,lan sak sanes-sanesipun.

#huft,,,,Padahal wonten mriki kulo nggadahi tujuan ingkang sae,inggih puniko “Tholabul Ilmi”. Sak sanesipun tiang sepuh kaleh kulo wonten griyo nggadahi katah kekerap dumateng kulo,kulo dipondokke supoyo dados tiang ingkang sae,pinter, lan manfaati.

#mboten keraos tigang wulan maleh kulo sampun lulus sangkeng sekolah(amin)anangeng kulo bingung nopo ingkang kawulo peroleh ingdalem mongso pitung tahun?nopo ingkang kulo amalake yen sampun terjun wonten masyarakat?nopo?

#huft! Saumpami wekdal saget dipun puter, raose pengen mangsuli dinten-dinten, wekdal-wekdal ingkang kabucal sio-sio…..pengen ngerubah perkawes engkangawon dados perkawes ingkang sahe lan manfaati…..

#kulo namung saget berharap marang Allah, bileh ilmu sekedik ingkang sampun kulo pikantok saget manfaati dumateng kulo lan tiang sanes. Amiiiin





April 10, 2013
Umi Afifah